Postingan

Aksara jawa

Gambar
  1. Aksara Jawa                                   2. Pasangan         Gunane pasangan  kanggo nyigeng Wanda (saliyane paten h, nga, lan r)                            3. Sandangan                                                4. Aksara murda            Aksara murda ing basa Indonesia diarani huruf besar (kapital) lan aksara murda Iki dienggo tata perunggu ( pakurmatan)                              5. Aksara angka                                     Sumber : https://haurgeulis.com/aksara-jawa/ https://id.pinterest.com/pin/280912095483119903/ https://moondoggiesmusic.com/aksara-jawa/                   

Anjining pribadi

Gambar
     Anjining dhiri gumantung kedaling lathi, anjining Sarita mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong Lanang dumadi saka wolung werna. Wolung warna ikunurut saka dhuwur : Blangkon, beskap, keris, cindhe, tangen, epek, jarik, lan selop.   A. Maca lan nemokakeisine teks deskripsi Babagan busana Jawa         Sumubarang kang dikarepke wujude busana adat jawa, teks deskripsi Babagan busana Jawa Iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale. B. Nanggapi pokok-pokok isine teks deskripsi Babagan busana Jawa        Lumantar maca teks deskripsi ngenani busana jawa para siswa bisa nemoke tuntutan luhur Yen sejatine nyandahang nganggo iku ora sakepenake dhewe.  Akeh piwulang kang maune durung kangreteni Saiki dadi ngerti.  C. Nulis teks deskripsi Babagan busana Jawa kanthi ragam basa kontekstual       Titikane teks deskripsi yaiku tatanane (s

Ketresnan kang sejati

 A. Cerita rakyat       Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.   Unsur-unsur crita rakyat Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan Utawa kang ndhasari lakuning crita. Latar (setting)  yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karakter saka tumindake, ciri isike,lingkungane lan sapanunggale. Alur (plot) yaiku rerangkening Prastawa ing sajroning crita. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita. Sudut pandang yaiku nyritakakae tokoh, barang, papan lan sapanunggale, konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.     Titikane crita rakyat Panyebarane kanthi lesan. Duweni sipat tradhisional. Sugih carkik lan variasi. Jenenge pangriptane ora konanga

Srawung Karo sasama

    Serat wedhatama iku anggitane kangjeng Gusti pangeran Adipati Arya (KGPAA) manungku negara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya 'wedha' tegese wulangan/tuntutan, dene 'tama' duwe teges utawa/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pekertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh pangkur, sinom, pocung, Gambuh, lan lan kinanthi.   A. Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh pangkur lan nitik guru Gatra, lagu, lan wilanagan Pupuh pangkur ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Guru Gatra, yaiku weweton cache larik saben Sapada, guru Gatra saben Sapada tembang pangkur ana 7 Guru lagu, yaiku weweton dhong-dhinge swara utawa sekon-wulane swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang   pangkur, yaiku a,i,u,a,u,a,i. Guru wilangan, yaiku weweton cache Wanda (suku kata) saben sagatra (larik) dadi guru wilangane Tembung pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8. Supaya

Alam sawegung

      Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe Wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane Kabeh merdika Utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.  A. Maca lan isine teks geguritan serta perangan-  perangane       Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.    a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan baleni.   b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) Utawa sigeg (//)   c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, enter, utawa lambang.  d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepke dening panggurite.  e. Tambahane tembung utawa Wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.        Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bis kotemokake isine gegurita. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono,