Anjining pribadi

     Anjining dhiri gumantung kedaling lathi, anjining Sarita mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong Lanang dumadi saka wolung werna. Wolung warna ikunurut saka dhuwur :
Blangkon, beskap, keris, cindhe, tangen, epek, jarik, lan selop.
  A. Maca lan nemokakeisine teks deskripsi Babagan busana Jawa 
       Sumubarang kang dikarepke wujude busana adat jawa, teks deskripsi Babagan busana Jawa Iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale.
B. Nanggapi pokok-pokok isine teks deskripsi Babagan busana Jawa
       Lumantar maca teks deskripsi ngenani busana jawa para siswa bisa nemoke tuntutan luhur Yen sejatine nyandahang nganggo iku ora sakepenake dhewe.  Akeh piwulang kang maune durung kangreteni Saiki dadi ngerti.
 C. Nulis teks deskripsi Babagan busana Jawa kanthi ragam basa kontekstual
      Titikane teks deskripsi yaiku tatanane (struktur) ana kang bab kang dideskripsike lan parangan kang dideskripsike tuladah ing ngisor iki.
  - Bab kang dideskripsike : busana kejawen mungguhe wong Lanang yaiku dumadi saka wolong warna yaiku blangkon Utawa dhestar, beskap, sabuk, keris, cindhe, epek, jarik lan selop
  - parangan kang dideskripsike : blangkon keris siji lan sijine dhewe-dhewe. Parangan blangkon Ono pitung warna yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet Utawa kupon lan kuncung, dene keris diparani dhuwung Pitung parangan keris iku jenenge  ukiran, medhak, rangka, godhong, wilah/katga/ Parung, pendhok, lan ganja.


Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 3
Kelas XII SMA/SMK/MA




Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ketresnan kang sejati

Srawung Karo sasama

Aksara jawa