Srawung Karo sasama

    Serat wedhatama iku anggitane kangjeng Gusti pangeran Adipati Arya (KGPAA) manungku negara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya 'wedha' tegese wulangan/tuntutan, dene 'tama' duwe teges utawa/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pekertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh pangkur, sinom, pocung, Gambuh, lan lan kinanthi.

  A. Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh pangkur lan nitik guru Gatra, lagu, lan wilanagan
  • Pupuh pangkur ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).
  • Guru Gatra, yaiku weweton cache larik saben Sapada, guru Gatra saben Sapada tembang pangkur ana 7
  • Guru lagu, yaiku weweton dhong-dhinge swara utawa sekon-wulane swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang pangkur, yaiku a,i,u,a,u,a,i.
  • Guru wilangan, yaiku weweton cache Wanda (suku kata) saben sagatra (larik) dadi guru wilangane Tembung pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur biasane ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
Pangkur

Mingkar-mingkuring Angkara,
Angkarana karenan Mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinurkata,
Mrih kretarta pakartining 
Ilmu luhung,
Kang tumrap Iing tanah Jawa, 
Agama ageming aji.

   Nemokake tuntunan ing serat wedhatama Pupuh pangkur lan njumbuhake Karo kahanane bebrayan.

  B. Mbedhah parangane serat wedhatama Pupuh pangkur
    Kaya kang diandharake ing nduwur, tembang pangkur iku dibangun seka larikan larikan kang diparani guru Gatra kang cacahe puting gatra. Gatra sepisan, kapindho, lan sepiturute Kabeh ana aturane. Yen orak cocok Karo salah siji wae saka aturan iku, tegese Dudu tembang pangkur.

  C. Nulis cakepan tembang pangkur
    Nulis tembang macapat, klebu tembang manut aturan kang gumathok, aturan kang gumathok iku kaya kang di sebutke ing nduwur yaiku guru Gatra, lagu, lan wilanagan, carane nyocogake bisa kanthi ngowahit Tembung-tembunge utawa ngowahe papan tembung. Cara-cara iku nyata : purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, Tembung saroja, lan sapanunggale.

  Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 1
                    Kelas XII SMA/SMK/MA
      
     

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ketresnan kang sejati

Aksara jawa