Alam sawegung

      Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe Wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane Kabeh merdika Utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

 A. Maca lan isine teks geguritan serta perangan-
 perangane 
     Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. 
  a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan baleni.
  b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) Utawa sigeg (//)
  c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, enter, utawa lambang.
 d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepke dening panggurite.
 e. Tambahane tembung utawa Wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

       Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bis kotemokake isine gegurita. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen ( berlawanan)

  Apa Bedane
dening Sudi yatmono

Apa bedane prosa Karo puisi 
bedane ana ati

apa bedane ati Karo giro
bedane mung prakara bumbune 
bedane apa bumbune Karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadah
apa bedane wadhah Karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal Pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa Karo kewan
ah iku urusane pangeran 
( Mbangun Tuwuh, angka 138)

  B. Nemokake tuntunan kang kandhut ing teks geguritan lan njumbuhake Karo kahanane bebrayan.
       Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntutan kang gegayutan Karo kahanan

  C. Nulis Geguritan nggunakake ragam bahasa kang jumbuh Utawa cocog Karo konteks lan pranatan utawa aturan.
        Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene

  1. Ora kaiket dening aturan Utawa pranatan guru Gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale.
  2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, Endah, lan becik.
  3. Bisa nggunakake lelewane basa ( purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
  4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, ngresah, pamundhut, lan sapanunggale.


Sumber : gegaran nyinau basa Jawa 3
                  Kelas XII SMA/SMK/MA


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ketresnan kang sejati

Srawung Karo sasama

Aksara jawa