Ketresnan kang sejati

 A. Cerita rakyat
      Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.
  Unsur-unsur crita rakyat
  • Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan Utawa kang ndhasari lakuning crita.
  • Latar (setting)  yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
  • Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karakter saka tumindake, ciri isike,lingkungane lan sapanunggale.
  • Alur (plot) yaiku rerangkening Prastawa ing sajroning crita.
  • Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
  • Sudut pandang yaiku nyritakakae tokoh, barang, papan lan sapanunggale, konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. 
   Titikane crita rakyat

  1. Panyebarane kanthi lesan.
  2. Duweni sipat tradhisional.
  3. Sugih carkik lan variasi.
  4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggur).
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane. 
   Mupangate crita rakyat yaiku:
  1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan
  2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai - nilai kabeneran lan keapikan
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saegga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan lan elek.
  5. Mupangat religiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
   Wujude crita rakyat miturut Willian R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legenda, lan dongeng.
  1. Mitos, yaiku  crita kang dianggap benar-benar kedadeyan, kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit tuladhane crita rakyat nyi Rara kidul, nyi Lanjar
  2. Legendha, yaiku crita kang dianggap benar-benar kedadeyan biyasane crita mau ana petilisan arupa waktu, gunung kali, lan sapanunggale tuladhane crita baru klinthing, kawah Sikidang, Roro Jonggrang
  3. Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya, tuladhane kancil nyolong timun, keong mas, lutung kasarung.
 B. Sinopsis
      Sinopsis yaiku ringkasane crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakkabahe.

  • Tema.          : gagasan pokok, pokok crita
  • Latar           : papan lan waktu dumadine Prastawa
  • Alur             : lakuning crita
  • Penokohan : paraga crita

  Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 2
                   Kelas XI SMA/ SMK/ MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Srawung Karo sasama

Aksara jawa